KIDUNG MARONAN
Siti sarwendah kapurih dadi amulya.
Agawe guna kaolah dumados gerabah.
Papane ing pawon kanggo dumununging tirta.
Nung-nung kadunungan banyu bening.
Ning-ning ing weninge ati iki.
Dumadi cipta kang ayem lan rahap.
Kelawan anteng nglampahi lelaku tresna.
Madep manteb marang Gusthi Kang Murbeng Dumadi.
Sayektining griya pawon kuwi yo atine.
Panggon olah-olah rahaping rasa tujuane.
Dileboni kanthi luwe, dipungkasi warege.
Tibo ngelak maron iku tinujune.
Gerabahe wau sing kangge panggonan banyu.
Kanggo diunjuk punapa kanggonan wasuh.
Diwasuhi toya, toya iku ilmu.
Ilmu kuwi lumampah kelawan laku.
Urip ing donya mung golek tirta parwita.
Banjur ojo lali kudu cumepak wadahe.
Kudu dijaga supaya nora dadi rengka.
Ben iso ngadahi tumetesing kamulyan.
Tansah eling papat tujune, tunggal pancere.
Dijaga lima ne, didohi lima ne.
Becik kuwi digawe, nora dunung dewe.
Enggal dilampahi ben nora nyasar uripe.
Yen maron e rengka banjur dumadi cilaka.
Tirta resik kerik kaisi angkara murka.
Gampang tumindak ala banjur dadi cidra.
Uripe kemrungsung samar kelangan donya.
Maron, 1 Suro 2019
No comments:
Post a Comment